Coretan Kanca Muga (Geguritan)

Bapak
Dening: Angga Zam Aditya (X GB)

Bapak,
Pasuryanmu kang bagus lan nentremke ati
Pasuryanmu kang dadi semangating uripku
Semangat kanggo golek ilmu

Bapak,
Njenengan lilo
Panas, Udan lan bebaya
Kabeh mung kanggo kulawarga

Tetesing kringet ing awakmu
Tibo tangi kabeh mung kanggo kulawarga
Mung kanggo kulawarga
Gedhe rasa tanggung jawabmu

Panjenengan motivasiku
Panjenengan panutanku
Muga kabeh usahamu
Kawales becik marang Gusti Kang Maha Agung

Komentar