Unsur Instrinsik lan Unsur Ekstrinsik

Salah sawijining tuladha karangan utawa wacana yaiku cerkak. Cerkak kuwi singkatan saka cerita cekak utawa ana ing basa Indonesia diarani cerpen utawa cerita pendek. Cerkak utawa cerita cekak kuwi lumrahe cerita kang nyritakake sawijining manungsa ing uripe. Cerkak uga ana bab kang nyengkuyung, yaiku unsur Instrinsik lan Unsur Ekstrinsik.

Unsur Instrinsik
Unsur iinstrinsik yaiku unsur kang nyengkuyung cerkak saka njerone serkak kuwi. Unsur-unsur kang kalebu unsur instrinsik yaiku:
Tema
tema yaiku wosing cerita utawa bab kang dadi lelandhesan cerita.

Tokoh/ Paraga
Tokoh utawa paraga yaiku wong kang ngalami kedadean ana ing cerita. Tokoh utawa paraga bisa kaperang dadi 4, yaiku: 1). Tokoh Sentral, yaiku tokoh utawa paraga kang asring ngalami kedadean ana ing cerita. Tokoh sentral uga bisa kaperang dadi 2, yaiku: a) Tokoh Sentral Protagonis, yaiku tokoh kang asring ngalami kedadean kang nduweni sipat positif. b). Tokoh Sentral Antagonis, yaiku tokoh kang asring ngalamikedadean lan duwe sipat negatif. 2). Tokoh Bawahan, yaiku tokoh kang nyengkuyung tokoh sentral, Tokoh bawahan uga bisa kaperang dadi 3, yaiku: a). Tokoh Andalan, tokoh kang dadi kepercayaan tokoh sentral. b). Tokoh tambahan, yaiku tokoh kang ngalami kedadean ana ing cerita nanging mung sethithik. c). Tokoh Lantaran, yaiku tokoh kang dadi lantaran utawa setting kemawon.

Amanat/ Pesen
Pesen kang bisa dijupuk saka cerita, tujuane supaya sakwise wong maca cerita bisa njupuk dudutan saka cerita mau.

Setting
Yaiku katrangan kang ana gegayutane karo wektu, papan lan kahanan.

Alur (Plot)
Yaiku urut-urutane carita, jenising alur ana 3 yaiku: a). Alur Maju, b). Alur Mundur, c). Alur Campuran

Sudut pandang (Point of View)
Sudut pandang ana 2 jenise, yaiku: 1). Sudut pandhang tiyang kaping sepisan 2). sudut pandang tiyang kaping pindo

Unsur Ekstrinsik
yaiku unsur saka njaba pengarang. Tuladhane unsur ekstrinsik:
1. Unsur Sosial
2. Unsur Politik
3. Unsur Ekonomi
4. Unsur Budaya
5. Unsur Religi, Lsp

Komentar

  1. wah m do yen asring bikak bolg panjenenganulo saget basa jawi sekedik boko sekedik

    BalasHapus
    Balasan
    1. heheheh alhamdulillah, kaliyan nguri-uri kabudayan bu, ndak mangke nek mboten ngeten malah kaya wong jawa ilang jawane heheheh

      Hapus

Posting Komentar