PARAMASASTRA

Paramasastra yaiku bab kang nyinaoni aksara, wanda, tembung lan ukara.

AKSARA  ----> WANDA -----> TEMBUNG ------> UKARA

Miturut jenise, tembung bisa kaperang dadi 2, yaiku:
1. Tembung Lingga (Kata Dasar)
2. Tembung Andhahan (Kata Jadian)

Tembung Lingga (Kata Dasar)
Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale (kata asal). Tuladhane: sapu, tulis, gambar, tuku, laku, kursi, meja, omah, lsp.

Tembung Andhahan (Kata Jadian)
Tembung Andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale. Tuladhane: latare, piwulang, tetuku, omahe, tulisane, balekna, lsp.

Ater-ater (Awalan)
a. Ater-ater Hanuswara, kang kalebu ater-ater hanuswara (awalan asal) wujude m-, n-, ng-, lan ny-.
Tuladhane:
m + pangan = mangan
n + tulis = nulis
ng + gawa = nggawa
ny + sapu = nyapu
b. Ater-ater Tripurusa, kang kalebu ater-ater tripurusa yaiku, dak-, ko- lan di-.
Tuladhane:
dak + pangan = dakpangan
ko + jupuk =kojupuk
di + tulis = ditulis
c. Ater-Ater liyane
Tuladhane:
a + lungguh = alungguh
ma + lumpat = malumpat
ka + limpe = kalimpe
ke + sandhung = kesandhung

Seselan (Sisipan)
Wujude sisipan yaiku: um, in, l lan r.
teka + -um = tumeka
gawa + in = ginawa
siwer + l = sliwer
kelip + r = krelip

Panambang (Akhiran)
Wujude panambang yaiku: -i, -ake, -e, -ane, -ke, -a, -ana, -na, -ku, -mu, lan -en.
Tuladha:
jupuk + i = jupuki
turut - ake = turutake
jaluk + ane = jalukane
tuku + ke = tukoke
sugih + a= sugiha
paring + ana = paringana


Komentar