Coretan Kanca Muga (Geguritan)

Segara
Dening: Fikri Nuruzzaman
Kelas: X GB

Birune banyumu
Putihe pasirmu
Dhuwure ombakmu nerjang pasir
Lan angimu kang gawe tentreming ati

Nanging saiki
Akeh wong kang ngrusak endahing segaraMu
Ngrusak pasir, banyu lan karang
Aku mung butuh wong kang sadhar

Sadhar kanggo njaga
Sadhar kanggo ngrawat
Butuhku mung siji, menungsa kang sadhar
Urip kuwi bebarengan lan kudu pada njaga

Komentar