Coretan Kanca Muga (Geguritan)

Alas
Dening: Tito Arifin Musa (X GB)

Wit-witan kang katon ijo royo-royo
Eloking papanmu
Angin kang adem gawe tentreming ati
Sumiliring angin gawe tentreming ati

Nanging saiki,
Wit-witan wis entek
Alas wis gundul
Hawa dadi panas

Kewan-kewan padha ora betah
Longsor ana ngendi-ngendi
Banjir gawe pati
Lemah kang gersang gawe marasing ati

Merga ulahing manungsa kang murka
Eksploitasi alas kang ora kira-kira
Saiki kabeh kang padha ngrasake akibate
Akibat saka ulahing manungsa kang ora kira-kira

Mula saiki,
Ayo mandeg anggon kita nggundhuli alas
Ayo padha nandur
Nandur kanggo pangayem-ayem ati sesok



Komentar