Coretan Kanca Muga (Geguritan)

Rembulan
Dening: Rico Yoga (Kelas X GB)

Cahyamu madhangi petenge wengi
Wengi kang peteng ndhedhet
Cahyamu ngelingake
Ngelingake marang Agunging Gusti
Gusti kang maha cipta
Nyiptke kanthi sempurnaning alam

Cahyamu gawe aku tambah sukur
Sukur marang Agunging Gusti
Peteng kang dadi padhang
Gawe semangat wengi kuwi
Matur sembah nuwun rembulan
Merga wus madhangi petenge wengiku

Wengi kang peteng
Wengi kang sepi
Kabeh dadi padang
Kabeh dadi semangat
Luweh Semangat
Luweh sukur marang agunging Gusti

Komentar