PAWARTOS BASA JAWI (BERITA BERBAHASA JAWA)

Kompetensi Dasar:
1. Memahami dan menganalisis berita yang dibacakan atau melalui berbagai media.
2. Menyajikan berita berbahasa Jawa dengan lisan maupun tulis.

Materi Pokok:
Berita Berbahasa Jawa

Rangkuman Materi:


PAWARTOS BASA JAWI

Donyaning jurnalistik saya ngrembaka, katitik saka media cetak lan elektronik pada dene mempeng anggone nyuguhake program lan berita. Pawarta (berita) kuwi nduweni teges kabar utawa pakabaran (Poerwadarminta, 1939: 657A). Dene warta utawa berita kuwi mesthi diwacake dening salah sawijining wong.

Wong kang maca berita kudu nduweni sangu. Sangune ora wong sing maca berita yaiku:
Wicara
Wicara kuwi gegayutan karo pocapane wong. Dadi wong kang maca berita kudu bisa mbedakake antara huruf siji lan sijine, tembung siji lan sijine. Tuladhane: [d] karo [dh], [t] karo [th] lan sakpanunggalane. Kenang apa kok kudu bisa mbedakake, amarga yen ora bisa mbedakake bisa salah kaprah ana ing tegese. Kajaba kuwi wong kang maca berita kudu cetha anggone ngucap, bisa mbedakake swara siji lan sijine, ora blero, tegas lan pener.
Wirama
Wirama kuwi magepokan karo cendhek dhuwure swara, cepet lan rindhiking swara lan dawa cendhaking swara. 
Wirasa
Wirasa kuwi gegayutane karo pamilihan tembung,  wong kang maca berita kudu nggunakake basa kang resmi lan baku ora kaya basa kang digunakake nalika guneman karo kancane.
Wiraga
Wiraga magepokan karo tata krama utawa subasita lan panganggo. Tindak tanduk kudu digatekak, mangkono uga panganggo uga kudu trep.

Kejaba kuwi, wong kang maca berita kudu mangerteni bab-bab kang ana gegayutane karo teks berita. Teks berita kudu nduweni unsur 5 W + 1 H, yaiku:
What       = apa                  = menapa
Who        = sapa                 = sinten
When      = dhek kapan     = nalika kapan
Where     = neng ngendi    = wonten pundi
Why        = kena apa          = kenging menapa

Tuladha Teks Pawartos Basa Jawi:
Materi 1
Dinten senin kalawingi aparat kepolisian kasil manggihaken 1 ton bahan peledak jenis mortir ing satunggaling griya warga kabupaten Sleman.
Narasi:
Kapolsek Depok AKBP Sugiri ngandharaken bahan peledak ingkang kapanggihaken menika dipunbungkus karung nilon kacampur kaliyan rongsokan wesi. Sesampunipun kapriksa, behan peledak menika dipunamanaken dening tim Gegana Polda DIY. Naggepi kawontenan kasebut, Kapolda DIY ngandharaken bilih wonten pandugibahan peledak menika badhe kakintun dateng Surabaya, nanging panjenenganipun dereng kersa paring katrangan kanthi jangkep, jalaran wekdal menika nembe ngadani pepriksan. Dene ngengini asal-usul bahan peledhak kasebut lan sinten ingkang gadhah, taksih dipuntlusur aparat kepolisian.



Komentar