Tembang Macapat

Macapat iku salah sijining tembang ing tlatah Jawa kang nduweni pathokan utawi aturan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
Guru Gatra yaiku cacahing larik saben sak pada (bait).
Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sak gatra (baris/larik).
Guru Lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.

*Istilah ing tembang macapat kang kudu di ngerteni:
Pada = bait
Gatra = baris/larik
Wanda = Suku kata
Swara = Uni

Tuladha analisis tembang macapat adhedhasar pathokane

Pitutur bener iku
sayektine apantes tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik nggone muruk
iku pantes sira anggo

Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyoh

sikidang umbagipun
ngendelake kebat lumpatipun
pan si gajah angendelaken geng inggil
ula ngendelaken iku
mandine kalamun nyakot

Analisis:
Pada/ bait: 3
Guru Gatra: 5
Guru Wilangan: gatra 1--> 7, gatra 2-->10, gatra 3-->12, gatra 4-->8, gatra 5-->8
Guru Lagu : gatra 1-->u, gatra 2-->u, gatra 3-->i, gatra 4-->u, gatra 5-->o

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

Jenis tembang macapat cacahe ana 11, saben tembang nduweni teges kang ana gegayutane karo siklus uripe manungsa.
Maskumambang, nggambarake nalika manungsa isi ana jero kandungane ibu.
Mijil, nggambarake nalika manungsa lair ana ing donya. Mijil tegese lair.
Sinom, saka tembung si enom tegese wong kang isih enom.
Kinanthi, saka tembung kanthi tegese bimbing, kinanthi tegese dibimbing. Nggambarke nalika manungsa mbutuhake bimbingan saka wong tua, guru lan wong ing lingkungne, mesthine bimbingan kang becik.
Asmaradana, saka tembung Smr (basa sansekerta) kang tegese asmara. nggambarake nalika manungsa nduweni rasa tresna marang wong liya.
Gambuh, saka tembung jumbuh kang nduweni teges cocog. nggambarake nalika manungsa wis cocog karo pasangane.
Dhandhanggula, nggambarake nalika manungsa ngrasake manising urip.
Durma, saka tembung darma tegese weweh (memberi). nggambarake nalika manungsa kudu menehi apa kang diduweni, tuladhane ilmu.
Pangkur, tegese nalika manungsa kudu ngedohi (mingkur) saka bab-bab kang ala.
Megatruh, saka tembung megat lan ruh, megat tegese pisah ruh tegese nyawa. nggambarake nalika manungsa pisah karo nyawane.
Pocung, nggambarake nalika manungsa wis mapan ana ing alam kubur.


Kanggo nggarap gladhen bab Macapat njenengan bisa Klik Neng Kene

Komentar