Karangan Utawi Wacana

Bab kang kudu digateke nalika nulis karangan yaiku kudu mangerteni manawa karangan mau cocog karo tujuane umpamane kanggo menehi informasi marang wong kang maca, kanggo ngajak wong kang maca, lan liya-liyane. Dene jenising wacana utawa karangan kuwi ana 5, yaiku:

Wacana Deskripsi, yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan, kaya-kaya kahanan utawa objek kang digambarake mau ana ing sakngarepe dhewe, ana sakngarepe wong kang maca.

Wacana Eksposisi, yaiku wacana kang nyritakake proses kanthi runtut.Dene tujuan karangan iki yaiku kanggo njembarake pangertene wong kang maca utawa menehi informasi.

Wacana Persuasi, yaiku wacana utawa karangan kang tujuane kanggo ngajak wong kang maca supaya wong kang maca nindakake apa kang ana ing wacana.

Wacana Argumentasi, yaiku wacana kang nuduhake panemu ngenani sawijining bab utawi ngowahi, nambahi panemu wong liya kanthi fakta utawa kasunyatan kang bisa digugu.

Wacana Narasi, yaiku Wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadean kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe prastawa mau.



Komentar